Wong Ngaku Salah Ora Diampura, Urusané Karo Pangéran – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Wong Ngaku Salah Ora Diampura, Urusané Karo Pangéran

Ngemuti bab kaya kuwé, Jon Dapuk atiné bombong!

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
4 November 2020
2 min read
0
Wong Ngaku Salah Ora Diampura, Urusané Karo Pangéran

Ilustrasi minta maaf. (Foto: Pixabay)

Share on FacebookShare on Twitter

SEGELAS kopi latté lan seporsi roti bakar caramél coklat mbatiri Jon Dapuk sing lagi ngenténi jakwir istiméwa nang Kafé Jawa. Jon Dapuk ngenténi awit jam loro awan tengak-tenguk déwékan. Nang panggonan kono kur déwéké gél.

Nalika déwéké teka langsung pesen inungan kopi latté plus nyamikan seporsi roti bakar. Awit ésuk déwéké durung sarapan bablas sing umah ngutir-ngutir maring ngidul. Tujuané nekani jakwir istiméwa sing lagi kurang akur. Anjog nang panggonan, déwéké ngenténi ana sajam tapi sing dienténi ora nongol-nongol. Pisan kalah nongol, wong lanang sing mauné nemoni ujug-ujug mujar maring Jon Dapuk.

“Mas, jané kalih Ning énten wigati nopo?”

ADVERTISEMENT

“Ajeng penting Pak.”

Baca Juga

Warga Gerebek Toko Popok Bayi di Margadana Tegal, Temukan Ribuan Pil Penenang Tanpa Izin Edar

Gara-gara Ngadoli Pil Koplo, Toko Popok Bayi nang Margadana Tegal Digrebek

10 Januari 2023
Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

9 Januari 2023

“Sampun pedaminan?” takoné wong lanang sing bar metu saka njero umah, lan kayané kas olih weling saka Ning.

“Déréng Pak. Ning éntén njih?” takoné Jon Dapuk.

“Éntén Mas. Mung terosé saweg daring. Mboten saged diganggu.”

“Oh… ngoten njih, Pak? Nggih mpun kulo pamit.” Jon Dapuk ngerasa angger Ning pancén lagi kurang akur karo déwéké. Trima ngalah akhiré déwéké amit mundur.

Dipikir-pikir, Jon Dapuk pancén rumangsa duwé salah gedé karo Ning. Déwéké ngakoni kliru gedé. Wingi sore, déwéké gawé lara atiné Ning. Tapi tekané Jon Dapuk ésuk kiyé, saluguné pan njaluk ngapura sebab déwéké khilaf  lan samestiné ora kudu WA kasar maring Ning. Saiki Jon Dapuk tembé sadar angger Ning. dugal. Jon Dapuk nyesel, lan ora pan mbaléni maning.

“Nyong njaluk ngapura Ning. Nyong ngaku salah. Kowen bener, nyong sing salah. Nyong péngin ketemu, pan njelasna omongan kliru gedéné enyong maring kowen. Mohon kowen bisa ngapura, njih?” Kiyé WA-né Jon Dapuk nalika metu sing umahé.

Pengakuan kliru lan salahé Jon Dapuk, nyatané ora ditanggapi babar blas. Pirang-pirang WA-né ora dibales. Dibél ora diangkat. Posisi WA-né conténg siji baé.

Ora patah semangat, Jon Dapuk mbalang WA nadané tetep ngakoni salah lan njaluk ngapura. Tetep baé ora olih balesan. Jon Dapuk cekelan batuk. Déwéké ngarep olih ampura tetep baé Ning ora sudi mbales WA-né.

Dienténi pirang-pirang jam, WA-né tembé conténg loro tapi durung warna biru, mégin ireng. Tapi Jon Dapuk ngerti, angger WA-né diwaca Ning.

ADVERTISEMENT

Dina kiyé Jon Dapuk bener-bener ora paham maring Ning. Segedé apa salahé déwéké kambén Ning, kosih pirang-pirang WA-né siji baé ora dibales?

“Mbokan kepéngin ketemu, saiki nyong nang Kafé Jawa, panggonan biasa. Saiki tak tunggu kosih jam telu.” Kiyé WA-né Jon Dapuk ngabari maring Ning nalika déwéké nglalu pacé adu bagja, mluncur ngidul lan ora suwé njagong tengak-tenguk nang tempat sing biasa obrol gayeng karo Ning.

Ana sajam luwih, Jon Dapuk ngenténi balesan WA-né, tapi Ning ora mbalesi kosih akhiré Jon Dapuk balik, WA-né déwéké uga mégin contréng siji. Tiba pasrah, Jon Dapuk ngalah. Nang batin déwéké kur mbatin: ajaran Islam nglarang, man sapa wongé njaluk ampura ora diampura, dosa gedené disangga lan ditanggung sing ora méin ampura maring uwong sing wis ngaku salah lan khilaf. Watesé  wong Islam sengit maring wong Islam, waktuné mung telung (3) dina. Selebihé, urusan karo Gusti Allah!

Ngemuti bab kaya kuwé, Jon Dapuk atiné bombong! Artiné, urusan selanjuté dudu urusané
Jon Dapuk, tapi karo Sing Gawé Urip! (*)

——-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: MociNgampuraTegal
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In