TEGAL – Winginané ana wong papat dicekel Polisi karo Satpol PP gara-gara konangan nyolong baliho-baliho sing ana nang dalan Mayjen Sutoyo, Kota Tegal, dina Saptu (7/11/2020). Salah siji baliho sing dicolong yakuwé baliho “Mr. Lockdown” sing ana gambar Wali Kota Tegal Dedy Yon Supriyono.
Kasubbag Komunikasi Pimpinan Bagian Protokol dan Komunikasi Pimpinan Setda Kota Tegal, Firman Hadi ngungkapna, terungkapé kasus awalé pas ana salah siji anggota polisi sing lagi mangan neng cafe belih adoh seka lokasi sekitar jam telu ésuk.
Pas kuwé, polisi kuwé weruh wong loro lagi ngucali baliho sing ana nang ngarep Pasific Mal. “Soalé curiga, dhéwéké nekani wong loro kuwé lan nakokna ngenani aktivitas sing lagi pada dhéwéké lakoni,” jaré Firman.
Soalé curiga, omongé Firman, anggota polisi kuwé latane ngebéll dhéwéké nggo teka lan melu mriksa ana pirang baliho sing wis diucali seka genahé. Apa maning, neng pirang minggu akhir-akhir kiyé, Pemkot Tegal pancén lagi dimumetna karo ilangé baliho-baliho sing mbené dipasang.
Sawisé dipriksa, jebulé bener, kabéh baliho sing ana nang mobil jeblag kuwé yakuwé hasil colongan. “Selanjuté, dhéwék ngebéll Kepala Satpol PP,” ungkapé.
Belih suwé latané, telung anggota Satpol PP teka neng lokasi. Selanjuté, pelaku lan barang bukti digawa maring kantor Satpol PP nggo dijaluki keterangan.
“Barang bukti sing berhasil diamanna yakuwé KTP pelaku, kunci lan STNK, mobil jeblag lan baliho-baliho bekasan,” terangé.
Selanjuté, ke papat pelaku sing huruf ngarepé F (26), AN (23), karo ALN (22) warga Rembul Kecamatan Bojong, Kabupatén Tegal. Latané UA (28) warga Serang Karangreja, Kabupatén Purbalingga. Kepapaté diwékena maring Mapolrés Tegal Kota. (*)
Discussion about this post