Wong Pekalongan Gégér Ana Ula Dawa Nemen Ujug-ujug Nongol Seka Plapon – Panturapost.com
Senin, Mei 16, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Wong Pekalongan Gégér Ana Ula Dawa Nemen Ujug-ujug Nongol Seka Plapon

Ula kuwé wis manggon nang ndhuwur plapon wis ana telung dinahan.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
15 Januari 2022
1 min read
0
Wong Pekalongan Gégér Ana Ula Dawa Nemen Ujug-ujug Nongol Seka Plapon

Wong Pekalongan nemu ula sanca dawa nemen nang pawon umah, dina Jemuah (14/1/2022).

1.9k
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

PEKALONGAN — Wong nang Kelurahan Kauman, Gang 6, Kecamatan Pekalongan Timur, Kota Pekalongan, sing arané Hilyana (55) runtag gara-gara nemu ula sanca dawa nemen nang pawon umahé, dina Jemuah (14/1/2022). Ula kuwé lagi glantungan nang ndhuwur plapon pas nang ngarepé.

“Ula kuwé glantungan nang ndhuwur karo posisi endas nang ngingsor. Langsung nyong metu seka pawon nggo njaluk tulung warga, tapi laka wong. Nyong ya langsung ngebéll njaluk bantuan petugas Damkar,” jaré Hilya.

Hilya nyana ula kuwé wis manggon nang ndhuwur plapon wis ana telung dinahan. Soalé, dhéwéké sokan krungu suwara brisik nang ndhuwur plapon umahé, dipéloni suwara ndesis ping kopang-kaping. Hilya uga ngungkapna nang umahé ana akéh tikus, mugané ula manjing maring njero umah lan umpetan nang ndhuwur plapon.

ADVERTISEMENT

“Ya ndéyan nang kéné akéh tikus dadi ula manjing maring umah nggo luruh mangan. Apamaning umahé nyong uga perek karo kali lan jaraké sekitar telungatus méter,” ungkapé.

Baca Juga

Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon

Numpak Travel Ora Resmi, Wong Brebes Kiyé Dirampok lan Diguwang nang Pinggir Dalan

14 Mei 2022
Warga Tetap Bandel, Polisi Sita Balon Udara dan Petasan di Pekalongan

Warga Tetap Bandel, Polisi Sita Balon Udara dan Petasan di Pekalongan

10 Mei 2022

Sawisé olih laporan, petugas Damkar ya teka nang lokasi lan langsung nyekel ula kuwé. Senajan sempet kangélan, ana sekitar setengah jam petugas Damkar akhiré bisa nyekel ula phyton kuwé.

“Alhamdulillah ula akhiré bisa dicekel lan saiki digawa maring Mako Damkar,” omongé salah siji petugas Damkar sing arané Yoga.

ADVERTISEMENT

Ana pirang warga sakoloman uga ngomong wis ping kopang-kaping kélangan ayam ingunané sing dinyana dipangan ula. Kampung batik Kauman senajan rupané pemukiman padat, ana akéh tikus lan perek uga karo Kali Loji. Warga dijaluk terusan njaga kebersihan umah lan waspada, luwih-luwih wayah mangsa rendheng kaya saiki ula sokan nongol. (*)

 

Disunting: Irsyam Faiz

Tags: DamkarpekalonganUlaWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265
Warta Ngapak

Gara-gara Ban Ngarepé Mbledug, Mobilio Nguling nang Tol Pejagan

16 Mei 2022
Remaja 16 Tahun Dibacok Begal di Fly Over Tol Kemukten Brebes 
Warta Ngapak

Bocah 16 Taun Dibacok Bégal Wayah Joging nang Fly Over Tol Kemukten Brebes

16 Mei 2022
Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon
Warta Ngapak

Numpak Travel Ora Resmi, Wong Brebes Kiyé Dirampok lan Diguwang nang Pinggir Dalan

14 Mei 2022
Viral Video Emak-emak di Pekalongan yang Buang Sampah di Tepi Jalan
Warta Ngapak

Viral, Emak-emak nang Pekalongan pada Guwang Runtah Semblotongan nang Pinggir Dalan

13 Mei 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon

  • Baru Dibangun, Gedung Museum Manusia Purbakala Brebes Ambruk di Bagian Depan

  • Pengakuan Penumpang Mobil yang Tersesat di Brebes, Saripah: Mobil Tabrak Cahaya dan Terbang

  • Ana Trek Nyruduk Umah Loro Nang Jalur Pantura Tegal, Dinyana Supiré Ngantuk

  • Cerita Nia Daniati, Ibu di Tegal Lahirkan Anak Kembar 3 Laki-laki

  • Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265

  • Nipu Bekas Bojo Siriné Ngantikan 3 Miliar, Wong Brebes Kiyé Divonis 3 Taun 6 Wulan Penjara

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 53.2k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In