KOTA TEGAL — Wong lanang sing manggon nang kamar kos nang Jalan Ketilang, Kelurahan Randugunting, Kecamatan Tegal Selatan, Kota Tegal ditemukna ninggal, dina Jemuah awan (26/11/2021) sekitar jam sewelas kurang seprapat. Posisiné sujud lan gulu kejiret kabel anténa warna ireng.
Polisi ngungkap angger korban dingerténi arané Nanang Widiatmoko warga Kelurahan Bendungan, Kecamatan Gajahmungkur, Kota Semarang, Jawa Tengah.
Informasi sing ditampa daning PanturaPost.com, kabar kuwé dingerténi awalé pas ana kanca kerjané korban krasa curiga soalé korban sajegé ésuk angél dihubungi.
“Latané supervisor kuwé hubungi sing duwé kos nggo ngileng kondisiné korban,” jaré Slamet warga sakoloman maring wartawan, dina Jemuah.
Sawisé lawang kamar kos korban dibuka, katon korban ora gerak karo posisi sujud lan gulu kejiret karo kabel anténa warna ireng. Mugané dinyana korban ninggal gara-gara bunuh diri. “Ana wong sing dinyana bunuh diri nang njero kamar kos,” jaré Slamet.
Slamet ngomong, sing duwé kos latané ngebéll petugas kepolisian sing ora let suwé teka maring lokasi. Nggo kepentingan penyelidikan jenazah korban digawa maring RSUD Kardinah.
Sementara kuwé, Kasat Samapta Polres Tegal Kota Iptu Bambang ngiyakna anané kedadénan sing dinyana gantung diri utawa kendat. Tempat kejadian perkara (TKP) dingerténi tepaté ana nang kos ndéké warga nang Jl. Ketilang No 49 RT 08, RW 01 Kelurahan Randugunting.
Korban dingerténi arané Nanang Widiatmoko, kelairan Semarang, 23 Oktober 1975 sing alamaté nang Jl. Kintelan No. 148 RT 03 RW 04, Kelurahan Bendungan, Kecamatan Gajahmungkur, Kota Semarang, Jawa Tengah. (*)
—
Disunting: Irsyam Faiz
Discussion about this post