TEGAL — Puluhan anggota Pemuda Pancasila (PP) Kabupatén Tegal pada démo nang ngarep komplék Pemkab Tegal, dina Senén (29/11/2021). Sing démo pada nuntut ébén Junimart Girsang dicopot seka jabatan Wakil Ketua DPR RI.
Massa seka PP ora trima karo pernyataané politikus PDIP Junimart Girsang sing nyinggung kader PP kuwé. Kader teka nggunakna atribut PP karo dikawal ketat daning petugas Polres Tegal. Penjagaan ana nang gerbang manjing koloman Pemkab Tegal, mugané kader PP pada démo nang ngarep gerbang kuwé.
Saliyané orasi, uga macakna pernyataan sikap sing dipimpin Ketua MPC PP Kabupatén Tegal M Khuzaeni, lan disaksikna Ketua Bapemperda DPRD Kabupatén Tegal Miftahudin. Aksi kuwé uga dikawal langsung Wakapolres Tegal Kompol Didi Dewantoro.
Neng njero penyataan sikapé, koordinator aksi, Elba Zuhdi, nyampékna PP yakuwé organisasi sing beridéologi Pancasila, lan dudu organisasi radikal lan anarkis. PP lair seka rahim TNI, mugane angger ana sing kepéngin mbubarna PP bisa diindikasikna kena idéologi komunis.
“Dhéwék kelelara daning pernyataan Junimart Girsang. Ora mung nang pusat, dhéwék nang Kabupatén Tegal uga kelelara,” jaréné.
Pada baé kaya sing diomongna daning Ketua MPC PP Kabupatén Tegal M Khuzaeni. Dhéwéké njaluk DPRD Kabupatén Tegal nggo nyampékna pernyataan sikap kuwé maring Ketua DPR RI ébén Junimart Girsang narik omongané lan njaluk pangapura maring kabéh anggota PP nang seluruh Indonesia.
“Dhéwék njaluk Ketua DPR RI méin sanksi maring Junimart Gisang atas ujaran kebencian karo nyebarna lan nyiptakna kebencian maring ormas PP sing nggawé gaduh kehidupan berbangsa lan bernegara,” jaréné.
Sementara kuwé, Ketua Badan Pembuat Aturan Daerah (Bapemperda) DPRD Kabupatén Tegal, Miftahudin, janji pan nyampékna aspirasi kuwé maring pimpinan DPRD Kabupatén Tegal sing mengkoné pan diterusna maring Ketua DPR RI.
“Dhéwék siap lan janji pan nyampékna aspirasi kiye,” tuturé.
Kaya dingerténi, Junimart Girsang njaluk Kementerian Dalam Negeri (Kemendagri) ora ndawani malah nyabut ijin ormas sing wis nggawé onar.
Pernyataan kuwé dhéwéké sampékna nanggepi pemberitaan nang media massa kekait bentrokan antar Ormas Forum Betawi Rempug (FBR) karo Pemuda Pancasila nang Ciledug, Kabupatén Tangerang. (*)
Discussion about this post