BREBES — Warga nang Dukuh Karangjati, Désa Tonjong, Kecamatan Tonjong, Kabupatén Brebes pada kewedén. Soalé, puluan umah nang kono keancem longsor gara-gara tebing nang Kali Pedes kegerus daning banyu, dina Kemis (21/1/2021).
Warga nang kono, Mukmin (56), ngaku kuwatir soalé jarak umahé karo tebing kali wis perek nemen. Dhéwéké ngarep-arep pemréntah bisa merhatikna kondisiné dhéwéké lan warga désa liyané. “Nyong was-was terus angger kali banjir lan tebingé longsor, ” jaréné.
Dhéwéké njelasna, longsoré tebing karo dawa sekitar puluhan méter kiyé kedadén sajegé sawulan terakhir. Tapi pirang-pirang wektu mburi-mburinan, longsor malah selot dina selot nambah parah.
“Sasuwénéng mangsa rendheng kiyé, sokané kedadén banjir,” jaréné.
Warga liyané, Mukhroji (34), ngomong jarak paling perek umah karo tebing kali nggari sekitaréng sa méter. Akalén nang ngingsor tebing ana aliran Kali Pedes sing nduwéni arus kali gedhé wayah banjir teka.
“Dhéwék kuwatir angger arus kali terus gripis, suwé-suwé umah warga nang ndhuwuré bisa ruwag,” jaréné.
Warga kononan, jaréné wis pada kerigan nggawé penahan darurat nganggo cara tradisional. Penahan kuwé digawé seka watu kali sing disusun ngliwati tengahéng kali.
Dipasangé penahan dilakoni nggo ngingerna arus kali ébén ora mili nang ngingsor lan nang pinggir tebing. Tapi, upaya kuwé gagal soalé watu-watu sing wis disusun kuwé ilang kegawa arus kali.
Warga ya njaluk maring pemréntah nggo mbangun penahan tebing kali sing permanén. Saliyané kuwé dilakoni normalisasi kali ébén ora mili nang pinggir tebing sing bisa ngancem umah lan lahan ndéké warga. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post