Wong Sing Sokan Nyucusi Bocah Cilik, Siap-siap 'Anuné' Dikebiri - Panturapost.com
Kamis, Februari 25, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Wong Sing Sokan Nyucusi Bocah Cilik, Siap-siap ‘Anuné’ Dikebiri

Soalé, kelakuan badeg kuwé ngresahna masarakat.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2021/01/22 9:39pm
2 min read
0
Wong Sing Sokan Nyucusi Bocah Cilik, Siap-siap ‘Anuné’ Dikebiri

Anas Ruliansyah (41), pelaku pencabulan terhadap empat bocah di bawah umur saat digelandang ke Mapolres Brebes.

592
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

BREBES — Kejaksaan Negeri (Kejari) Brebes wis komitmen nggo nuntut terdakwa pelaku tukang nyucusi bocah karo ukuman sing abot utawa maksimal. Soalé, kelakuan badeg kuwé ngresahna masarakat.

“Komitmené dhéwék jelas, terdakwa pelaku pelécéhan séksual kaya nyucusi bocah utawaha nyabuli bocah, dhéwék tuntut abot lan termasuk tambahan ukuman,” omongé Kepala Séksi (Kasi) Pidana Umum (Pidum) Kejari Brebes, Andhy Hermawan Bolifar, dina Kemis (21/1/2021).

Neng kurun sataun mburi-mburinan, dhéwéké nglanjutna, rolas perkara sing wis disidangkan nang Pengadilan Negeri (PN) Brebes. Kabéh terdakwa perkara kuwé divonis maksimal ngantikan nembelas taun kurungan penjara.

“Sesuai karo aturan perundangan sing kanggo, ukuman maksimal pelaku tukang nyucusi bocah limalas taun kurungan penjara, tapi dhéwék tambahi tuntutan dadi nembelas taun penjara. Kiyé wis kedadén putusan hakim kekait perkara nyucus maring bocah,” omongé.

Baca Juga

Melas Nemen! Pasangan Lanang-Wadon Seka Tegal Ninggal Kecelakaan nang Brebes

Melas Nemen! Pasangan Lanang-Wadon Seka Tegal Ninggal Kecelakaan nang Brebes

20 Februari 2021
Cegah Banjir Kembali, Warga Dukuhturi Gotong Royong Perbaiki Tanggul Sungai

Ébén Ora Banjir Maning, Warga Kademangaran pada Kerigan Ndandani Tanggul Kali Ketiwon

19 Februari 2021
Warga Brebes Gempar, Mayat Ditemukan Sudah Membusuk di Pinggir Jalingkut

Wong Brebes Gégér Ana Mayid nang Jalingkut, Endasé Wis Gari Tengkorak

13 Februari 2021
Foto: Begini Kondisi Jalur Wisata Guci yang Ambles

Jalur Arah Wisata Guci Macet Gara-gara Giliné Pada Mletak

13 Februari 2021

Andhy nyebut, ukuman maksimal utawa abot karo tambahan kuwé ébén pelakuné pada kapok. Dadiné, kelakuané ora dilakoni maning mbésuk-mbésuk. Apamaning, sawisé kanggoné Aturan Pemerintah Nomer 70 Taun 2020 ngenani Tata Cara Pelaksanaan dan Tindakan Kebiri Kimia, Pemasangan Alat Pendetéksi Élektronik, Réhabilitasi, dan Pengumuman Idéntitas Pelaku Kekerasan Séksual Terhadap Anak sing diterbitna nang tanggal 7 Désember wingi kuwé, bisa mékena ukuman maring pelaku tukang cucus lan kekerasan séksual maring bocah karo tindakan kebiri kimia.

“Angger pancén kebukti lan menuhi unsur neng PP kuwé, pelaku sing nyucusi bocah, ukumané kebiri kimia, dipasangi pendetéksi éléktronik ngantikan diumumna nang média massa,” tegasé.

Dhéwéké nerangna, tindakan kebiri kimia dijelasna dadi wéinan zat kimia metung penyuntikan utawa metode séjén sing dilakoni maring pelaku sing pernah dipidana. Hal kuwé dilakoni soalé pelaku nglakoni kekerasan utawa anceman kekerasan maksa bocah nglakoni cucus-cucusan karo dhéwéké utawa wong liya.

“Kebiri bisa diwékena angger akibaté yakuwé nimbulna korban luwih sing sa wong, luka abot, gangguan jiwa, penyakit nular, keganggu utawa ilangé fungsi réproduksi, lan/utawa korban ninggal dunya. Kiyé termasuk nggo meték hasrat séksual keluwihen, sing dipéloni réhabilitasi,” ungkapé.

Nang sisi liya, tindakan kebiri kimia maring tukang nyucus, dilaksanakna nganggo dasar putusan pengadilan sing wis nduwéni kekuatan hukum tetep. “Nggo ukuman tindakan dipasangé alat pendetéksi éléktronik lan réhabilitasi sing dikenakna maring pelaku tukang nyucus. Tapi, pelaksanaan putusan pengadilan kuwé, kebiri, pendetéksi éléktronik, utawané réhabilitasi, dilaksanakna sawisé pelaku nglakoni ukuman kurungan pidanané lan jaksa koordinasi karo pihak kekait,” jelasé.

Tapi kaya kuwé, ukuman kebiri kimia, dipasanginé pendetéksi éléktronik ngantikan diumumnané idéntitas pelaku nganggo cara kebuka ora bisa dilaksanakna angger pelaku ésih bocah nang ngingsor umur.

“Dadi, diterbitnané PP kuwé yakuwé salah siji cara nggo ngatasi kekerasan séksual maring bocah, méin éfék kapok maring pelaku, lan nyegah kedadéné kekerasan séksual maring bocah,” pungkasé. (*)

 

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Berita ngapakPencabulanWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Jalan Pantura Rusak Parah, Ganjar Panggil Pengelola Jalan Nasional
Warta Ngapak

Dalan Pantura Akéh sing pada Bodhol, BBPJN Diundang Ganjar Maring Kantor

24 Februari 2021
Tenaga Kesehatan di Jatinegara Terpaksa Jalan Kaki 5 KM Akibat Jalan Rusak
Warta Ngapak

Dalané Bodhol, Tenaga Keséhatan nang Jatinegara Kepaksa Mlaku Limang Kilo Nggo Nglayani Warga

24 Februari 2021
Siap-siap! Malam Ini PDAB Jateng Mulai Uji Coba Alirkan Air PAM
Warta Ngapak

Dandanan Pipa Transmisi nang Kalibakung Pragat, Banyu Bersih Wis Mili 40 Persén

23 Februari 2021
Sarung Goyor Buatan Napi Lapas Slawi Tembus Pasar Ekspor
Warta Ngapak

Pentol! Napi nang Lapas Slawi Nggawéni Sarung, Hasilé Dikirim Maring Luar Negri

23 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Pasangan Suami Istri Asal Tegal Tewas Terlindas Truk Trailer di Jalan Pantura Brebes

  • Cerita Warga Tiap Malam Merasakan Tanah Bergerak di Jalan Raya Kalibakung Tegal

  • Sulitnya Mengalirkan Kembali Air Bersih ke Tegal dan Brebes

  • Udan Gedhé Nemen, Limang Désa nang Ketanggungan Keleban Banjir

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Dedy Yon Laporkan Jumadi ke Polda Jateng Terkait Dugaan Rekayasa Kasus

  • Viral Konvoi Remaja Brebes dan Acungkan Celurit, Kapolsek Tanjung: Video Lama dan Sudah Ditindaklanjuti

MEDIA SOSIAL

  • 122.7k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 46.7k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X