SLAWI – Warga Désa Kagok, Kecamatan Slawi, Kabupaten Tegal pada heboh gara-gara ana wong nemu granat nanas sing ésih aktif nang ngingsor brug kali Gung, dina Rebo (14/10). Granat kuwé pertama pisan ditemukna daning salah siji pegawé sing lagi mbresihna lan ngecek saluran PDAM.
Kasat Réskrim Polrés Tegal, AKP Heru Sanusi ngomong, 10 granat sing dinyana ésih aktif kiyé ditemukna kebungkus plastik, pas nang sekitar adeg-adeg brug kali Gung nang dina Rebo sore.
“Nang sekitareng tiang kuwé ana arugan lemah. Lan nang ndhuwur arugan lemah ana plastik, latané sawisé dicek daning saksi, jebulé isiné granat jenis nanas,” jaréné.
Mauné, Heru nglanjutna, saksi nemu 6 granat. Tapi latané ditemukna maning 4 granat. Dadiné total sing ditemukna seakéh 10 granat. Tim jihandak gegana brimob pekalongan, dina Rebo bengi ya teka nang lokasi nggo ngevakuasi bahan peledak kuwé karo nggunakna peralatan khusus anti bahan peledak.
“Sawisé ana laporan, salanjuté dhéwék njaluk bantuan Detasemen Gegana Sat Brimob Polda Jateng lan saiki lagi ditangani. Mengko pan ditangai daning Tim Jihandak,” ujare.
Sasuwenéng proses evakuasi, ruas gili gedhe Mayjen Sutoyo, utawa gili gedhe Pangkah-slawi dineb seka rong arah. Warga ya mung bisa ndeleng seka kadohan, soalé lokasi disterilna nganti tekan radius 50 meter.
Proses évakuasi granat daning tim jihandak kedadén sekitar 30 menit. Kabéh granat sing ditemukna diévakuasi nggunakna wadah khusus anti bahan peledak.
Durung bisa dipastikna apa granat kuwé anu luwihan perang kemerdekaan utawa dudu. Rencanané granat sing ditemukna kuwé pan didisposal daning tim jihandak. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post