TEGAL — Wong-wong tani neng Perkumpulan Petani Pemakai Air (P3A) Kabupatén Tegal ngangluhna kondisi irigasi sing bodhol merga sedimentasi. Keluhan kuwé ya dhéwéké sampékna langsung karo Wakil Bupati Tegal Sabilillah Ardie wayah nggelar pertemuan anggota P3A, Satuan Tugas Pangan karo pirang-pirang Kepala Désa nang warung Ndalem Benawa, Kramat, dina Rebo (18/11/2020).
Ketua Pengurus P3A rawa 7 Irigasi Daérah Aliran Sungai (DAS) Cacaban, Didi, ngomong kondisi irigasi pertanian nang wilayah Pantai Utara (Pantura) Kabupatén Tegal parah lan ndesak nggo dikeruki ébén normal maning.
“Dadi, salah siji tujuan seka pertemuan kiyé, dhéwék ngarep-arep ébén gagiyan ana peningkatan infrastruktur irigasi. Salah sijiné karo nglakoni pengerukan,” jaréné.
Saliyané kuwé, didi nglanjutna, wilayah Pantura nang Kecamatan Kramat sing ngliputi Désa Maribaya, Désa Kramat, Désa Kertayasa, karo Désa Bongkok, yakuwé wilayah sing kerep garing wayah mangsa ketiga. Latané dadi aréa nggo guwang banyu wayah mangsa rendheng.
Saliyané irigasi, ana pirang kali nang wilayah Kecamatan Kramat uga jaluk dikeruk soalé sedimentasiné rada parah. Kali kuwé yakuwé Kali Sulbi nang Désa Maribaya, Kali nang Désa Kramat karo Kali Dongbunder nang Désa Bongkok, Kertayasa karo Kramat. Mugané waktu kedadén udan, banyu bisa langsung mili maring laut.
“Dhéwék ngarep-arep Pemda bisa ningkatna infrastruktur irigasi nggo séktor pertanian, soalé dadi tumpuan nggo éwonan wong tani nang kawasan kuwé,” karepé.
Ana pirang wong tani poto bareng karo Wakil Bupati Tegal, Sabilillah Ardie nyambi nudukna sa produk pupuk non organik sing direkomendasikna daning Satgas Pangan Kabupatén Tegal, dina Kemis (19/11/2020).
Nanggepi keluhané wong tani, Wakil Bupati Tegal Sabilillah Ardie ngomong pan nampung apa sing dadi keluhané wong tani. Lan solusi sing disampékna wong tani, yakuwé pengerukan irigasi karo kali yakuwé solusi sing pas.
“Penyempitan irigasi kiyé mesti pan dadi masalah gedhé angger ora gagiyan ditindaklanjuti. Dhéwék enténi arahan Bupati, ndéyan pan diarahna maring Provinsi lan kementerian pusat,” jelasé.
Ditakoni ngenani target, Ardie ngomong ndéyan normalisasi kuwé pan dilakoni neng taun 2021 lan pan dilaksanakna nganggo cara mipil ngéling-éling jarak sing rada dawa yakuwé tekan 3,5 Km. (*)
Discussion about this post