TEGAL — Ana wong wadon sing huruf pertamane NAS (18) seka Desa Karanganyar, Kecamatan Pagerbarang, Kabupaten Tegal, sing nembe saminggu kerja dadi pembantu nang Jakarta, positif ketularan COVID-19.
Informasi kiye dingerteni sawise Gugus Tugas Percepatan Penanganan COVID-19 Kabupaten Tegal olih laporan seka Rumah Sakit Pusat Angkatan Darat (RSPAD) Gatot Subroto Jakarta. Laporan kuwe nyatakna hasil pemeriksaan swab NAS kuwe positif COVID-19.
“Sawise olih laporan dhewek langsung nlusuri maring umahe. Jebule NAS ana nang umah lagi nglakoni isolasi mandiri sajege balik seka Jakarta nang Minggu (5/7) wingi,” jarene.
Joko ya nyana, NAS ketularan COVID-19 wayah ana nang Jakarta. Soale, seka hasil anamnesa pasien NAS sing wayah kiye wis dirujuk perawatane maring RSUD dr. Soeselo Slawi, dina Rebo (08/07/2020) wingi. Dingerteni, NAS mangkat maring Jakarta lagi dina Rebo (24/06/2020) nggo ngode dadi babu nang Jakarta, yakuwe nang kluwarga T.
Sawise ngode saminggu, NAS ngaku ora krasan toli wis ngrasakna gejala watuk, pileg lan panas rumab. NAS ya akhire duwe rencana pindah nyambut gawene. Latane, inisiatif seka kluwarga W nang dina Jemuah (03/07/2020), NAS nglakoni pemeriksaan kesehatan nang Rspad Gatot Soebroto Jakarta lan langsung dilakoni njukut sampel swab.
Jare saran doktere, karo ngenteni hasil uji swab-e metu lan klisnise mipil apik, NAS ya disaranna balik maring kampung halaman lan nglakoni isolasi mandiri. Karo nggunakna kendaraan travel, NAS ya balik nang dina Ahad (05/06/2020) .
“Sadurunge, NAS wis nyampekna maring kluwargane eben nyiapna tempat isolasi. Anjog nang umah, NAS langsung nyolasi diri lan manggon nang umah dhewekan. Lah, nek anggota kluwarga liyane pindah maring umah sadulure sing liya,” omonge.
Seka pengembangan kasus kiye, Joko nglanjutna, dheweke ya gagiyan nelusuri lan nglacak. Termasuk maring penumpang siji lan supir travel sing kebeneran asale seka Kecamatan Pagerbarang. Hasile, ditemukna nem wong sing dadi kontak kenceng utawane kontak pereke. Sawise dilakoni tes cepet, nem wong kuwe dinyatakna non-reaktif.
“Tapi, dhewek tetep njukut sample swab lan njaluk kluwargane NAS karo kontak kencenge nyolasi diri lawase 14 dina nang umahe dhewek-dhewek nang ngingsoreng pengawasan Satgas COVID-19 desa lan Puskesmas Pagerbarang,” jelase.
Karo anane ketambahan sa kasus kiye, dadine jumlah warga Kabupaten Tegal sing kekonfirmasi positif COVID-19 dadi 35 wong. Rinciane, 28 wong mari, 3 wong dirawat nang Rumah Sakit lan patang wong ninggal dunya. (*)
Editor: Irsyam Faiz
Discussion about this post