Wong Tegal Pancén Laka Tunggalé – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Wong Tegal Pancén Laka Tunggalé

Ora gelem kalah karo polahé wong-wong Jakarta.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
22 September 2020
3 min read
0
Wong Tegal Pancén Laka Tunggalé

Buku karya sastrawan Tegal. (Foto: Lanang Setiawan)

Share on FacebookShare on Twitter

WONG Tegal pancén makha-makha. Polahé laka tunggalé ana-ana baé. Ora gelem kalah karo polahé wong-wong Jakarta. Nang Jakarta ana majalah “Jakarta Jakarta”, nang Tegal ana tabloid “Tegal Tegal”. Nang Jakarta ana “Angkatan Penyair 45”, “Angkatan Penyair 66” gén “Angkatan Penyair 70”. Nang Tegal ora gelem kalah ana “Angkatan Penyair Tegal Tegal”. Nang Jakarta ana “Presidén Penyair Indonesia” sing dijabat daning Sutardji Calzoum Bahkri. Nang Tegal ora kalah sét ana “Presidén Penyair Tegalan” uga ana “Presidén Wangsalan Tegalan”.

Sadurungé jabatan-jabatan kuwé, wis mbébéni disit jabatan “Begawan Tegal”. Saiki malah metu maning jabatan “Sang Filsuf Tegalan”. Péndéké nang Tegal ajib mbangkana ajib!

Prédikat kuwé, saiki lagi dadi omongan jakwir-jakwiré Jon Dapuk nalika bengi kuwé gayeng ngobrol soal bab jabatan.

ADVERTISEMENT

“Seniman Tegal pancén hébat ya Jon? Nyong demen pol maring polahé seniman-seniman Tegalan!” omongé Kapér karo tangané nyomot rokoké Jon Dapuk sing dielér nang adepané.

Baca Juga

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Mengenal Sastra Tegalan hingga Aliran Baru Puisi Tegalerin 2-4-2-4

26 Desember 2022

“Angger para seniman Ibukota réka-réka, aja dianggep wong Tegal ora bisa gawé odo-odo. Émang kur wong Jakarta sing mampu gawé gégéran? Wong Tegal kuwé gudangé wong ngédan-ngédanan. Apa maning kur kaya kuwé ora jédoda? Motor mabur baé bisa direncak-rencak dadi séndok, onderdil-onderdil kendaraan lan sembarang komponén home industri. Gawé mariem uga bisa, gawé pit lan liyané bisa. Péndéké wong Tegal angger pan compong-compongan ora kalah. Apa sing ora bisa digawé nang Tegal?” sambung omongané Sidul.

ADVERTISEMENT

“Setuju! Wong Tegal ora bisa dianggep réméh! Pan ngejak apa-apanan? Wong Tegal uteké jalan. Tapi ngomong-ngomong, jabatan-jabatan disandang sapa baé, Jon?” takoné Darto.

Sadurungé Jon Dapuk njawabi pitakonan jakwir-jakwiré, déwéké nguyup wédang pociné latané nyumed sigarété.

“Pertama, nang Tegal ana jabatan Begawan Tegalan dijabat daning Lanang Setiawan. Bukti jabatan kuwé wis ditulis daning Muarif Esage. Judul bukuné “Lanang Setiawan Penjaga Bahasa dan Pelopor Sastra Tegal”. Kaping loroné jabatan Presidén Penyair Tegalan, bukuné uga ana. Penulisé uga Muarif Esage….” anjog nang kéné Jon Dapuk kaya biasané medot omongan. Bén jakwir-jakwiré pada takon.

“Judul bukuné apa Jon?” takoné Kapér.

“Judul bukuné “Dwi Ery Santoso Presidén Penyair Tegalan” diterbitna daning Komunitas Sastrawan Tegalan. Kowen pada bisa maca buku kuwé. Sedeng jabatan “Presidén Wangsalan Tegalan” dijabat daning Tambari Gustam. Sawetara jabatan “Presidén Wangsalan Kabupaten Tegal ngrangkep Kabupaten Brebes, dijabat daning Penyair Abu Ma’mur. Jabatan sang Presidén Wangsalan kuwé, pelantikané waktu ana acara “Jéd-jédan Maca Wangsalan” digelar nang Rumah Dinas Walikota Tegal. Waktu samana Walikotané dijabat daning Drs. HM. Nursholeh, M.MPd sing kondangé kasebut Kang Nur Sholéh,” ujar Jon Dapuk mbébérna masalah polahé wong-wong Tegal sing ora gelem ketinggalan karo polah réka-rékané seniman-seniman Ibukota.

“Saliyané jabatan-jabatan kuwé, ana jabatan anyar maning kang aran “Sang Filsuf Tegalan?” Jabatan kuwé sing nyandang sapa, Jon?” takoné Darto.

“Jabatan Sang Filsuf Tegalan dijabat daning Dr. Maufur, mantan rektor UPS uga Wakil Walikota Tegal sing pertama. Jabatan kuwé tembé baé digelar nang acara peluncuran bukuné Muarif Esage sing judulé “Maufur Njunjung Duwur Nilai Luhur”. Buku kuwé ngupas tuntas kiprahé Pak Maufur selawas déwéké nekuni puisi Tegalan. Sing nerbitna Komunitas Sastrawan Tegalan.”

“Owh…. kaya kuwé Jon? Tegal bener-bener laka tunggalé!”

“Nyon takon Jon!” Ujug-ujug Kapér angkat suara.

“Pimén Pér?”

“Bisané Pak Maufur nyandang jabatan Sang Filsuf Tegalan asalé pimén?”

“Pertama, jalaran kiprahé Pak Maufur ning jagad penulisan Sastra Tegalan khususon jagad Puisi Tegalan, dikupas sajero-jeroné daning Muarif Esage, salah siji guru Bahasa Indonesia SMA Negeri 1 Slawi, Kabupaten Tegal. Nah, sako kono calon doktor Universitas Indonesia kang aran Dina Nurmalisa nulis makalah nang peluncuran bukuné Muarif Esage, judulé “Mengenal Maufur: Sang Filsuf Tegalan”. Patokané Mba Dina Nurmalisa ménéhi jabatan kuwé maring Pak  Maufur, pertimbangané jalaran sajeroné puisi-puisi Tegalané Pak Maufur akéh kandungan filsafaté. Ringkes alasané Mba Dina Nurmalisa kuwé, Pér?” omongé Jon Jon Dapuk.

Kapér karo Darto mantuk-mantuk krungu penjelasané Jon Dapuk.

“Jaré kowen, jabatan-jabatan sing disandang para seniman Tegalan macem beléh, Jon?” takoné Sidul ujug-ujug.

“Jaré kowen, kira-kira jabatan-jabatan Presidén lan Angkatan-angkatan Penyair Jakarta kuwé macem ora? Kowen nganggepé wong Tegal bodo-bodo? Nganggepé adong wong Tegal kur-kuré dadi tukang becak? Wartegan, lan sebutan sing ora ngénaki? Rongokna ya Dul? Kaé para urgan sing urip nang Jakarta ader cute sekandang bentang kabéh? Para mahasiswa, para buruh, para pegawé bleketiran, para supir angkot, lan wong-wong cilik liyané penghasilané apa bisa nyukupi nggo urip nang kota métropolitan? Coba kowen bayangna, adong laka wong Tegal sing muka warteg, wong-wong kuwé pada kaliren. Bisa-basa ana révolusi sosial gedéan! Wong Tegal aja dianggep cékéréméh! Apa maning kur soal jabatan kaya kuwé, cérém mbangkana-kana cérém! ” omongé Jon Dapuk. Dengarén nang bengi kiyé nada omongané Jon Dapuk kayong culag.

“Maaf Jon, nyong ora duwé prasangka ora apik maring wong Tegal. Malah sawisé olih penjelasan saka kowen, nyong mangkina paham top markotopé waong Tegal! Enyong bangga dadi wong Tegal! Hidup seniman Tegalan!” omongé Sidul diakhir karo ndelak.

“Hidup Sastrawan Tegalan!” delak Kapér karo Darto uga Sidul! (@)

—-
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.     

Tags: Lanang setiawanMociSastra Tegalan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In