TRADISI wong Jawa sekandang bentang. Angger pan ngadepi puasa ana tradisi “Unggah-unggahan”. Maksudé salah siji ritual sing dilaksnakna masyarakat Jawa kanggo nyambut wulan puasa. Ana sing kanda, tradisi kuwé moniné jalaran wong-wong sing nang alam kubur dianjat-anjatna maring suwarga. Latané ngadepi bada kurang sadina, ana tradisi “Udun-udunan” moniné wong-wong sing mauné manjat suwarga, mudun maning maring asalé. Mung jalaran ana tradisi slametan “Udun-udunan”, owong-wong sing diudunan nang alam kubur, diarepna olih pengayoman.
Ana salah siji maning tradisi Rebo Wekasan. Kanggo masyarakat Jawa, tradisi kuna makuna kuwé warisan nenek-moyang sing kudu dinganakna slametan sega kuning. Jaréné kanggo nolak bala.
Seliyané kuwé, ana sing luwih anéh, yakuwé adong ana wulan graha. Kabéh wong wadon sing lagi mbobot jabang bayi dikongkon mlebu longan. Bocah-bocah karo wong-wong tuwa pada nabuh kentongan. Maksudé ébén wulané aja kosih dipangan buta ijo. Angger ora ditabuhi kentongan bareng tetabuhan pekakas dapur, wulané manjing wetengé buta ijo, apa dadiné angger wulané entong dipangan buta? Jagadé peteng nggriyeng.
“Donganuk, wong Jawa senengé gawé tradisi sekandang bentang ya Jon?” omongé Sidul nalika nyoal ritual sing angger dituruti akéhé por-poran. Sidul ngomong kaya kuwé pas kebeneran waktu ngadepi wulan Suro.
Krungu omongané Sidul, Jon Dapuk kaya biasané ora sagseg njawabi sadurungé jakwir-jakwiré pada mbalang suara.
“Yanu pikir, bener omongané Sidul, Jon. Seliayé ana tradisi Unggah-unggahan, Udun-udunan, Rebo Wekasan, lan wulan graha, uga mégin akéh ritual Jawa sing kudu dilakoni. Saiki pas wulan Suro, kok dianakna acara ngarak pusaka segala jan-jané kepimén sih Jon?” takoné Darto.
Kaya biasané, sadurungé Jon Dapuk njawabi, tangané njukut wédang dicecep rong tegukan mboran lan sauwisé kuwé nyumed rokok. Kaya biasané Kapér nyomot saeler rokoké Jon Dapuk.
“Sing tak ngerténi, adong wayah ganti taun anyar Islam atawa taun anyar Jawa, wong-wong Kraton Jogja, uga Kraton Soli nganakna tradisi kirab pusaka. Tadisi ngarak pusaka kraton ditonton langsung daning masyarakat lan para wisatawan. Kuwé sing diarani tradisi turun temurun warisan nenek moyang,” omongé Jon Dapuk dawa ngalar-ngalar.
“Termasuké kirab pusaka nang Kasepuhan Cirebon ya, Jon?” pitakonan Sidul.
“Ya! Termasuké Kasepuhan Cirebon uga nganakna tradisi kuwé.”
“Brarti ora kur nang Jogja Solo tapiné anjog nang Jawab Barat ngenal tradisi Suronan?” Kapér nyambung omongané Sidul.
“Ya.”
“Kiyé Jon. Yanu pan takon.”
“Takon apa To?”
“Kejaba kirab pusaka, jaré ana tradisi paling utama uga penting….”
“Apa maning To?” takoné Kapér medot omongané Darto, ndisiti Jon Dapuk siap-siap njawab. Tapi terlanjut disamber Kapér, Jon Dapuk idep meneng.
“Ritual ngumbah gaman kaya misalé keris, tombak, pedang lan liya-liyané sing kelebu barang pusaka. Paham?” omongé Darto.
“Paham!”
“Singgo nggo enyong éram, ngumbah gaman kudu wulané Suro, apa seliyané wulan Suro ora olih?” omongé Sidul.
“Kiyé kaya kiyé bro. Sangertiné enyong sing pernah krungu lan maca buku-buku Jawa, ngumbah pusaka utawané sing diarani jamasan pusaka kuwé wis dadi kebiasaan wong-wong kraton adong ngumbah gaman pusaka, pas ning taun anya kalénder Jawa. Mung kebiasané wong Jawa, ritual ngumbah gaman kayadéné keris, tombak, uga pedang akéhé pas ning awal taun wulan Suro, diarepna taun sing pan diadepi bén luwih apik ketimbang taun-taun sing wis keliwat,” omongé Jon Dapuk.
“Artiné ritual jamasan pusaka kuwé nduwéni makna menungsa kuwé kudu resik awaké uga jeroané ya Jon?”
“Yaul Dul. Sing arané jeronan awak kuwé penting diresiki. Aja kosih badeg mergané kudu dikumbah.”
Sidul mantuk-mantuk.
“Kiyé mungguhé enyong, perkara ngumbah gaman kuwé ora kudu wulan Suro. Sewaktu-waktu kan bisa. Kaningapa kudu nunggu wulan Suro? Kesuwé pait!” ujug-ujug Kapér nyeletuk omongan.
“Énté ngumbah gaman cap apa Pér?” takoné Darto.
“Ya… gaman bocah mboran, saben bengi dikumbah kan bisa? Tengkula nunggu wulan Suro! Gamanmu bisa karaten To? Hahahaha….” omongé Kapér gawé jakwir-jakwiré nyekakak.
“Sikah! Angger nyotong saénaké wudel. Dasar wanyad! Kikikikik….” delak Sidul Karo Darto, orabada nyekakak. Jon Dapuk sing ora pranti-prantiné nyekakak, saiki malah gemuyu lata-lata. (*)
—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post