Zaman Bledugan Akeh Lurah Mblunat – Panturapost.com
Kamis, Februari 2, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Zaman Bledugan Akeh Lurah Mblunat

Jon Dapuk molai mbabar kisah perjuangan Abdul Muin.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
5 September 2020
3 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

WULAN agustusé wis bubar tapi jakwir-jakwiré Jon Dapuk ngedrél kepéngin dicritani soal peperangan. Kepaksané Jon Dapuk kudu muter utek.

“Ngedrél péngin crita zaman bledugan pimén, sih? Saiki wulané Septémber dudu wulan agustus. Wis ora ungsum crita bledugan,” omongé Jon Dapuk maring jakwir-jakwiré. Panggonané kaya biasa sing uwis-uwis nang Pos Ronda mburi umah déwéké.

“Ora papa Jon. Crita bledugan ora kudu pas wulan Agustus tok. Kapan baé bisa. Sasarané bocah-bocah saiki bén luwih ngerti susahé para pejuang nglawan kafir-kafir penjajah. Utamané bangsa Landa, ngrampok gunakayané negarané yanu énté saporété.” Darto ngawali mbuka alesan kenangapa jakwir-jakwiré getol njaluk dicritani zaman peperangan.

ADVERTISEMENT

“Mungguhé enyong, bener omongané Darto, Jon. Sauwisé para perjuang ngrebut negarané, wong-wong saiki aja kosih ngrampok harya bendané negara kaya Landa. Sebaliké kudu bisa ngentasna masyarakat bén uripé aja kéré baé!” sambung omongané Sidul.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022

Kapér séjén maning. Déwéké ora ngomong, tapiné ndadak ngadeg. Ujug-ujug ndelak maca puisi Tegalan:

Getih
gunakaya
lan nyawa
tak hibahna
nggo sampéyan

Nyong berjuang mati-matian
lawan Landa sing kabongan
lawan Jepang sing bringasan

Harta benda bumi pertiwi digarong
diboyong
penjajah tetep kabongan

Wulan agustus taun empat lima
negarané enyong merdéka
dudu waledan sing amerika
jutaan nyawa para pejuang béla
pati maring negara mbangkana-kana

Catet!
Nglola negara aja nyuyad cut rakyat
élinga jutaan pejuang
nyawa hartané nggo korban

Krungu Kapér maca puisi, kang judulé “Élinga” jakwir-jakwiré keprok. Kapér  pancén pembaca puisi paling yahér. Awit nang SD, déwéké paling jago. Ora héran angger guru-guruné paling demen nalika déwéké nang nduwur panggung utawané kon maca nang adepané guru lan jakwir-jakwiré, suasana kelas dadi rahat.

“Okéh bro! Nyong pan ngangkat crita perjuangané H. Abdul Muin. Muga-muga déwéké mlebu suwarga….” omongé Jon Dapuk.

“Aamiin…” Jakwir-jakwiré Jon Dapuk ngamini.

Sepi sakléndab. Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk crita, nyruput wédangé gén nyuled rokok. Kaya biasané tangané Kapér nyomot rokok saelr dékéné Jon Dapuk.

“Kisahé kaya kiyé….”

Jakwir-jakwiré pasang kuping. Jon Dapuk molai mbabar kisah perjuangan Abdul Muin. Jaré Jon Dapuk ngutip critané Abdul Muin, nalika zaman Landa mlebu Tegal, para tentara pada ngungsi maring pegunungan Pemalang, Wonosobo, lan maring endi paran. Mung déwéké kepaksané konsultasi kambén kanca batir. Kebeneran ana Séktor Langlang Buana pimpinan Mayor Kasimin. Séktor Langlang Buana kuwé salah sijiné séktor penolong Angkatan-angkatan sing ana nang Tegal. Waktu samana wilayah Tegal pancén gawat, Mayor Kasimin ngutus Kaptén Awal nganakna BPS II Séktor Antareja. Markasé nang Pulosari Brebes. Nang kono Abdul Muin nggabung. Sawisé kuwé, déwéké krungu Pak Dibyo, Komandan Séktor “S” ora nana, sebagian masyarakat Tegal termasuké lurah-lurah pada mblunat alias mbalélo, dadi anték-antéké Landa. Bab kuwé ndadékna kahanan Tegal tambah kisruh.

“Lha sikapé para pejuang latané pimén, Jon?” Kapér medot crita.

“Jaré Pak Abdul Muin, kepaksané lurah-lurah sing pada mblunat dipaténi. Tapi maténané ora nganggo bedil, cukup nganggo gaman!” jawabé Jon Dapuk.

“Sori, Jon. Yanu takon,” omongé Darto.

ADVERTISEMENT

“Iya To.”

“Énté tau crita. Nang Tegal tau ana ribut-ribut soal pengibaran bendéra, posisi Pak Muin waktu kuwé nang endi? Énté takon bab kuwé beléh?”

“Takon.”

“Jawabé Pak Muin?”

“Jaré Pak Haji Abul Muin, kuwé kedadian zaman Jepang, sadurungé Landa mlebu Tegal. Sedeng sing dicritakna Pak Haji, dudu kuwé. Tapiné nalika taun 45. Ning taun kuwé déwéké mélu BKR Laut. Mung nalika dadi Kepala Sekretariat Séktor Antareja, akéh bencoléng direktrut.”

“Bisané bencoléng-bencolén dirékrut?”

“Jaré déwéké, bencoléng-bencoléng tugasé ngaco kahanan. Mabag Landa nang wilayah Kaligangsa. Ngibarna bendéra nang pucuké water lédeng, mlebu Kantor Polisi Brebes, markas pasukan Landa sing gemboké gedé-gedé. Tapi ya bisa mlebu. Wong waktu samana para bencoléngé nganggo ilmu sirep, dadi Landa-né pada ndekok turu lali. Pirang-pirang senjata lan liya-liyané termasuké mertéga digawa. Pokoké seliayé tugasé bencoléng ngaco, ngobrak-abrik markasé Landa! Tapi jaré Pak Muin, déwéké akhiré kena walesan.”

“Walesan pimén, Jon?” takoné Darto.

Miturut critané Abdul Muin, jaré Jon Dapuk, ning waktu samana pasukané pan nyerang Landa nang Pulosari. Critané Kali Pulosari lagi banjir, ndadak pasukan Landa ngepung. Para pasukan béla kemerdékaan mlayu ngalor. Waktu samono jam papat ésuk lan kahanané peteng dedet. Waktu Landa ujug-ujug ngepung, pasukan béla kemerdékaan kagét latané gitir rikat mlayu ngulon. Jebulé  Landané wis ngepung nang kono. Péndéké pasukan dikepung telung jurusan. Sedeng mbang kidul kaliné banjir, akéh jakwiré mati klelep kesérét banjir.

“Untung temen Haji Muin waktu samana duwé buku pétung. Ya… semacam nagadina lah…”

“Nagadina kuwé apa Jon?” takoné Kapér.

“Nagadina kuwé buku petunjuk arah. Misalé, dina kiyé supaya slamet, kudu mlayu mréné. Liya dina mlayu ngulon-ngalor. Ya…ndilalah kersané Allah, waktu déwéké njeblung kali ana tambang jukung. Déwéké dadi slamet…” omongé Jon Dapuk.

“Takon Jon.” Omongé Sidul.

“Iya.”

“Haji Muin kuwé saluguné sapa?”

“Purnawirawan TNI Angkatan Laut! Asliné wong Brebes,” omongé Jon Dapuk nutup omogan. (*)

—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.      

Tags: MociPerjuangan Abdul MuinZaman Bledugan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In